Pages

Jumat, 13 Januari 2017

Cerkak

REKREASI SEMESTER
Dening Chrisna A. P.

Preinan semester wingi aku karo kanca-kancaku budal menyang jogja. Cek ketok gaul rencana budal jogja jam 2 awan, sampek molor jam 5 sore. Perkoro ngenteni ndog tanding futsal sampek bocah-bocah metu sungune amarga sumuken ngenteni tok montor. Tapi iki gak sio-sio rek soale ndog menang, meskipun kene gak kecipratan hadiahe tapi kene melu seneng.
            Ndog saking  telate iki mlebu montor cek koyo wong adus kringet, iseh teles kabeh tanpa adus. Kebacute maneh klambine di bukak tok njero montor, mbok-mbok ngawe melek ambune. Tapi ngumunku ambon iku iso turu, padahal yo lagek budal rek. Sampek bojonergoro bocah-bocah gak lali karo ya alloh, perkoro sarunge cumak siji dadi sholate ashar genten mensisan ngenteni ndog adus.Tok kene bocah-bocah yo nyempetno ngawe video digawe dokumentasi perjalanan.
Teko ngawi pas adzan magrib tepate tok alas watu jago sing terkenal angker lan sering enek kecelakan. Sak durunge watu jago enek dalan sing metu asep e sisan slamet cumak asep ogak geni. sangking petenge tok watu jag,  koncoku ono sing gak ketok tak pikir ilang. Bocah-bocah sngking wedine podo moco ayat kursi tapi jen kliru ae sakwise metu soko watu jago. condro sempet abang kupinge perkoro di tantang balapan karo jazz abang. Condro sempet selip-selipan, la pas nyelip bis, kurang saitik nabrak.
Sakwise teko jogja bocah-bocah langsung ngolek mangan tok malioboro. Banjur iku budal turu tok omahe budhene bey sekitar pas adzan subuh. Sesuke masak sarden, la karo condro sarden bedo roso dimasak dadi siji, amargi gak weruh. “Wes kadung nyemplung, ngelangi sisan”. Kadung dimasak yo di pangan. Sak wise iku budal tok taman sari jam 9, jam 12 budal hutan pinus, sangking sumere bocah-bocah sampek mbelodet. Bey pas iki yo muntah metu montor gak klambenan. Njok hutan pinus bey njok perkiran yo muntah meneh rakutan uwit ben gak ceblok. Jam 2 brangkat pantai pas perjalanan bey muntah meneh, teros mandek pasar bocah-bocah tuku jajan lan es dawet. Wes dikandani yoga katek wong muntah gak oleh di ombeni santen, tapi di bantah condro katek bocah pengen ojo dilarang. Akhire di ombe bey.
Durung sampek pantai bey muntah meneh. Tok ngarepe omahe uwong. Isis sing turu sampek ketangen, jare krungu muntahe bey koyo sanyo. Bocah-bocah podo nesu, sampek nduwe pikiran ninggal bey. Tapi alhamdulillah sampek pantai ogak muntah neh, sakwise renang bocah arep masak mie, wes noto kompor mini lagek iling katek pancine kari tok wc bar diumbah ndog. Condro ngomeng-ngomeng tapi ngomenge kliru tok bey.

Sakwise ngomeng-ngomeng gak jelas condro budal tuku mangan lan sego. Mangane cumak sego, mie mentah, lan urang,senajan mangan gak enak, rasa lara iku ilang keterak seneng, bar iku banjur muleh. Aku seneng rekereasi bareng kanca, susah seneng dilakoni bareng.  Cek rek videone kene tok youtube : https://youtu.be/i7xZZRytQKs

Tidak ada komentar: